Asallamualaikum
wr. wb
Ingkang
kinurmatan ibu kepala sekolah SMP 1 Jetis, ingkang
kulo hormati bapak saha ibu guru,
lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani.
Sepisan,
sumonggo kita konjukaken raos puji dalah syukur
dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat, nikmat, dhumateng
kita sedoyo saenggo kita saget kempal manunggal wonten ngriki tanpa aral
punopo.
Shalawat
sarta salam muga tetep kita sanjungaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang
sampun mbeto umatipun saking jaman jahiliyah dumugi jaman islamiyah lan kita
ajeng-ajengaken syafa'atipun ing yaumul qiyamah.
Ing
ngriki, kula badhe mbetaaken
tanggap wacana ngenani
adiwiyata. Adiwiyata niku nggeh menika peduli lingkungan. Adiwiyata niku nggeh
kedah nggadahi keresikan, nggeh menika ngolah sampah. Sampah niku di bentenaken
dados 2: sampah organik kaliyan sampah non organik. Sampah organik niku sampah
ingkang saget di ureaken, tuladhanipun,
sampah ron, sisa sayuran, lan sapanunggale.
Sampah non organik niku, sampah ingkang mboten saget di ureaken maleh, tuladhanipun B3, plastik, botol, lang
sapanunggale. Kita kedah misahaken sampah kekalihipun niku. Menawi sampah
organik niku saget di olah dados pupuk kompos. Menawi
sampah non organik, saget di olah malih dados mobil-mobilan , becak-becakan saking
botol, taplak mejo, wayang"an, kembang, lan sapanunggale. Kita kedah
pinter ngolah sampah kekalih niku, lan kita saget mendhet keuntunganipun saking
ngolah sampah. Lan kita kedah emut, mboten anamung milah sampah, tapi kita
kedah nandur wit-witan ing sekitar griyanipun piyambak-piyambak supaya kita
saget mbantu ngurangi dampak global warming.
Cekap
semanten, atur kawula. Mugi-mugi kita saget mendhet hikmahipun. Mbok bilih
wonten kelepatan anggen kula matur, kulo nyuwun
agunging samudera pangaksami.
Billahi taufik walidayah, wa ridho wal
inayyah, wasalamualaikum WR.WB.








0 komentar:
Posting Komentar